Showing posts with label Lakune Wong Jowo. Show all posts
Showing posts with label Lakune Wong Jowo. Show all posts


LAKUNE WONG JOWO
MEMAYU HAYUNING BAWONO
Poso iku cegah dahar cegah ngombe
Karepe ngemposno roso
Sejatine olehe nyegah ngunuiku mung ngemposno rahso (karep)
Amargo rogone soyo ringkih
Nalikane ws suwe ora mangan
Tetep bae rosoning ilat ora kempes
Ugo roso roso liyane tetep rosa makarti
Ingkang mangkono iku nuduhno lupute
Luput soko sangkane : karep ngemposno roso
Parane nuju tangine roso
Ora ono ngemposno roso sakliyane nganggo meneng.
Rogo iku bawono niro
bawono sing ono ing njero
hiyo bawono sing meh ora ono bedane karo bawono njobo
rogo kae ngemot sapirang pirang doyo soko bawono njobo
awit doyo alus kasar nganti wiji wijining urip
soko pepanganan2 sing dipangan dening rogo

NGROWOT
Yoiku lakune wong jowo, amung mangan krowotan
krowotan iku polo pendem
polo pendem iku tunggale telo, kentang, tales, uwi……….isp
rogone mung kaisi wiji2 urip sing kependem (njero lemah)
ning kunu pamrihe, supoyo meruhi kawruh kawruh sing kependem
ateges kaweruh kang siningit
lantaran rogone sing kaisi sapirang pirang doyo urip ing njerone lemah
hiyo wus ora mangan babarblas sakliyane krowotan nganti pirang pirang dino
NGALONG
Yoiku lakune wong jowo, mung mangan woh wohan
hiyo woh wohan sing cumentel ning dhuwur uwit
koyo apel, jeruk, pelem, kates……isp
ateges kang gumantung ing duwur
dadi rogone mung diisi wiji2 urip sing ono ing awang awang
pamrihe supoyo meruhi kawruh kawruh kang kumambang ing udara
ateges kawruh awang awang
hiyo ora mangan sakliyane woh wohan nganti pirang pirang dino
NGEBLENG
Iku lakune meneng ora obah ora turu ora mangan ora ngombe
patrape meneng total sedino sewengi
ngebleng iku lakune wong topo
amargo laku topo lumrahe dipungkasi karo ngebleng
dene parane topo iku kasekten
PATIGENI
Iku meneng ono ing sajeroing pepetheng
tanpo keno cahyo, tanpo katon cahyo
patigeni yo ora mangan ngombe turu
makartine urip ing njerone petheng
biso linakonan sedino sewengi - telung dino telung bengi
NGINANG
Yoiku patrap mung mangani gegodhongan
hiyo samubarang godhong godhongan sing keno dipangan
ateges godhonge ora ono erine ugo ora kasar (godhong jati)
saiki mangan godhong kae disebut mangan sayuran
dene nginang iku mangani godhong mentah
ora dimasak mateng njur dipangan
amargo tumrape wit witan godhonge iku sing nyadhong pepangane
dadi sari nutrisine kabeh uwit iku ono ing godhonge
MUTIH
Yoiku patrap mung mangan sing ora ono uripe
karepe mutih iku murnino rogo
wong mutih iku dudu patrap : mung mangan sego + banyu bae
dene sego iku soko beras, beras soko pari, pari kae yen disebar ning lemah biso tukul dadi uwit
yen beras disebar ning lemah ora thukul amargo wus ilang kulite (gabah)
podo koyo isine pelem (pelok) iku menowo diilangi kulite
yo ora biso ditandur thukul
jagung disebar thukul, kacang disebar thukul, ateges kabeh biji yen disebar thukul…
amargo ning kunu ono uripe…
dene mutih iku ora mangan sing ono uripe
mutih ikuloh sejatine laku memayu hayuning urip

WEKASANE LAKUNE WONG JOWO
Ngrowot lan ngalong iku gandengane laku, ngrowot disek opo ngalong disek podo bae….
amargo ngrowot lan ngalong iku laku kang tanpo wates
mulane keno dilakoni sedino sewengi nganti sapirang pirang dino lan wengi…
Yen ngrowot yo ngrowot ora biso diwor karo ngalong
nanging ngowot lan ngalong iku podo podo duwe piguno
ngresiki rereget2 sing ono ing njerone rogo
ateges rereget iku sari sari sampah sing ora dibutuhno rogo
dadi ngrowot iku mbatesi rogone soko pepanganan sakliyane krowotan nganti pirang pirang dino
ngalong iku mbatesi rogone soko pepnganan sakliyane woh wohan
dene ngombene towo legi kecut ora kawates
Bangsane krowotan iku wiji wiji urip sing ono ing njero lemah
Bangsane woh wohan iku wiji wiji urip sing ono ing awang awang
Ngebleng lan patigeni iku gandhengan
sing siji mung mbatesi awake sedino sewengi
sijine ketambahan mbatesi awake ing pethengan
kekarone iku patrap meneng ora mangan ngombe koyo wong semedi
mung iku laku topo nyuwungno rogone
ora keno moco moco muni muni kejobo mung meneng anteng
amargo nyuwungno rogo mulo parane ning kasekten
Nginang lan mutih iku hiyo gegandhengan
tegese kaaran gandheng iku mangkene
nginang iku mangani gegodhongan
dene ning gegodhongan kae ora onon wiji urip uwite
amung ono sari pepanganane uwit
pirantine uwit kanggo nyadong pepanganane iku ono ing godhong lan oyote,
mulane njur ono sing diarani ginseng lan pigunoe
dene amargo oyote kae ora biso diuntal, lan yen mangan oyote,
uwite njur mati, mulane ora wenang dipangan
Mutih iku patrape mung mangan :
-Pohong/singkong sing dibakar, ora keno digodhog
dibisao uwite (kayune) pohong mau ditandur maneh, amargo wiji uripe ono ning kunu
-Gedhang mateng uwit
-Kembang sing wus uwal teko uwite (lugur)
-Ngombene :
ora keno sakliyane banyu mili
Tegese banyu mili iku ;
banyune ngalir ora mandeg, koyo banyu ning lereng2 pegunungan…
mutih iku perlune murnino rogo, nyalin rogone supoyo dadi rogo sing murni
ateges murni iku ora kecampuran.
Kejobo semedi-meditasi-topobroto
Ngrowot-ngalong-ngebleng-patigeni-nginang mutih
iku kabeh ugo tradisi spirituale wong jowo.

SAMBUNGE LAKUNE WONG JOWO
MANEKUNG
Ngolah doyo ing saknjeroning rogo
Ngolah unsure bawono ing njerone rogo
Lemah banyu udara geni
Petheng adem padhang panas
Menenge rogo kagowo angolah doyo
Klawan cipto makartining sukmo
Yoiku manekung kang ateges nggembleng
hiyo musatno cipto ing sawijine unsuring rogo
manekung iku pepdhane meditasi
Cokroning banyu mubeng ing njerone rogo
Cokroning angin mubeng ing njerone rogo
Wiwit manekung ing lemah
manekung ing banyu
manekung ing udara
manekung ing geni
Doyo petheng sesambungane unsur lemah
doyo padhang sesambungane unsur udara
doyo adem sesambungane unsur banyu
doyo panas sesambungane unsur geni
PANEKUNGAN
Manekung iku sangkane kawisesan
ateges panguwasaan
yoiku anguwasai rogone dewe
awit nguwasai unsur lemah nganti unsur genie rogo
WADAG NJERO
Ginjel..lambung..usus..ati..limpah..jantung..paru paru
WADAG ALUS
Jinem..sanu..puat..otot alus..nadi..jiling..damarmoyo..utek..pramono jati..isp
wadag tetelu iku kaaran awak kasar (rogo)
Sing alus sing njero sing njobo gandheng sesambungan (nunggal pisah)
unsur lemah banyu udara geni ugo doyo panas adem padhang petheng yo nunggal pisah
nunggal pisahe kabeh mau kaaran jumenenge rogo.

PATRAPING MANEKUNG
.Lungguh silo
.Meneng ora obah awake
.Ambegane biasa (ora ditahan ora dibanterno)
.Musatno cipto marang rogoe
.Diarahno ing unsur lemah wiwitane
yoiku ;
kulit otot daging ginjel lambung usus ati limpah jantung paru paru
unsur lemah iku minongko pambuntel (wadah)
kawengku dening pratiwi (pambuntel wutuhe rogo)
dadi pratiwi iku pancere unsur lemah
::Manekung ing banyu::
Saknjerone kulit otot ginjel limpah ati usus jantung lambung
rupane abang ireng yoiku getih
rupane putih yoiku sumsum nanah
rupane bening yoiku kama
ono maneh banyune kamanungsan iku sing dadi panglengkete kabeh pirantining rogo
ora keno diowahi yo ora ngowahi
ora ngrusak ora keno rinusak
dumununge ora ing njobo ugo ora ing njero
yoiku sing dadi lantarane roso asmorojati
unsur banyu pancere ono ing lambung (segoro bebanyu)
ubengan cokro banyu pencere ning jantung
::Manekung ing udara::
Awit balung ugo sum sum (udara doyo adem petheng)
udara iku meneng, obahe kaaran angin
udara ngebeki kabeh pirantining rogo
ateges kabeh wadag ono udarae nganti ing banyu yo ono udarae
dene pancere udara ono ing wadag alus
pancer cokro ubengane ono ing paru paru
::Manekung ing geni::
Geni iku dudu panas tapi geni mowo panas
yoiku pramono jati sing ono ing tengahe telenge dodo
iku pancering geni saknjerone rogo
dene cokro banyu ugo cokro udara ugo biso nganakake geni
PEPENGET
Arepo manekung ing geni disek utowo udara disek gak ono bedane
mung urutan lapisane iku lemah banyu udara geni
nalikane manekung wiwite yo nggathuk nggathukno
ngolahe iku nalikane ws sambung pamusate ciptane
nganti tekan ing nguwasai
dene patang unsur mau kawengku dening howo
howo iku dumunung ing saknjerone udara (alusing udara)
patang doyo kawengku dening gether
dene gether pancering ono ing jiling (kekandhangane roso)
dene howo amratani ing sajeroning wadag kabeh
Ono topobrotoning angin
Ono manekung ing udara
Ono topobrotoning bumi
Ono manekung ing lemah
Ono topobrotoning samudro
Ono manekung ing banyu
Ono topobrotoning suryo
Ono manekung ing geni
Nalikane biso manekung ing nunggale patang unsur mau
kaaran semedi tunggal (musatno langsung patang unsur)
dene unsur saknjerone rogo iku ora mung papat
ono akeh sakpirang pirang, nanging intine /dasare amung papat
samono ugo doyoe yo ora amung papat, ono akeh nanging intine mung papat
mergo ono lemah ketemu banyu
banyu ketemu padhang
padhang ketemu udara
udara ketemu geni lan sakteruse………..

JANGKEPE LAKUNE WONG JOWO
HASTO BROTO
Mulat laku anggentur anarik doyo
Soko njobo katarik dening karso
Badane kang anarik nyowoe kang ngrasakno
Hiyo rahso, rahsoning nyowo
Lumebu lumantar howo, kataman ing rogo
Sesepan doyoning bawono nyelaras ing njerone rogo
Yoiku kang sinebut topobroto
Doyo bawono kang rupo wolung perkoro..
Bumi Gunung Samudro Angin
Suryo Lintang Mbulan Angkoso

PERTELANING HASTOBROTO
Topobrotoning bumi
bumi teles bumi garing katarik doyone
Topobrotoning gunung
gunung urip gunung mati kaserot doyone
Topobrotoning samudro
samudro butheg samudro bening kaserot doyone
Topobrotoning angin
angin pelan angin banter kaserot doyone
Topobrotoning suryo
panas uruping suryo kaserot doyone
Topobrotoning lintang
lintang panjer rino panjer wengi ingkang kumelip kaserot doyo getare
Topobrotoning mbulan
adem uruping mbulan kaserot doyone
Topobrotoning angkoso
awang uwung kang tanpo wates katarik doyone
Hastobroto iku wolung macem jinise topo, dudu mlajari watek/sifat isen isene bawono
hastobroto iku kaweruh wengkuning ratu
dene manungso iku dudu gunung dudu angin
yo ora biso dikoyo gunung lan angin
manungso hiyo dudu mbulan lan lintang
yo ora biso dikoyo mbulan ugo lintang

PATRAPING TOPOBROTO
.Klawan menege rogo nganggo lungguh silo
.Makartine angen angen lan ciptoe dienggo fokuse marang karso
Karso iku ono ing mburine karep, kaaran kehendak
Hiyo kehendak anyerot doyoning bawono
.Panyeroting mau biso nganggo :
-ujung ujung jari
-epek epek tangan
-awak sakujur (pori pori kulit)
-ugo biso liwat mripat loro
.Panyeroting doyo mau kudu biso karasakake lumebune..hiyo iku rahsone….
kanggone sing ws laku ambegan jogorogo mestine y wis biso ngrasakno howo
dadi doyo sg melbu mau lumantar lumebune howo kang sinerot dening badan..
.Awite nggathuk nggathukno (nyelarasno)
.Banjur njumbuhno (proses panyerote)
.Wekasan ; manunggal (nglumpuk’e doyo kang sinerot ing njerone rogo)
TOPO BUMI
-bumi teles (bumi sing lemahe ora tau garing ; kyo bumi njeroning alas)
-bumi garing (hiyo bumi sing ora iso teles ; lamun teles mesti garing maneh)
Bumi teles luwih subur tinimbang bumi garing
TOPO GUNUNG
-gunung urip (gunung sing isih nyimpen magma ; drung entek magmae)
-gunung mati (gunung sing wus ora iso mbeldos ; magmae ws entek)
Gunung mati luwih subur tinimbang gunung urip
TOPO SAMUDRO
-samudro butheg (segoro sing banyune ora biso bening ; luwih cethek)
-samudro bening (segoro sing banyune ora biso butheg ; luwih jero)
Samudro bening luwih akeh panguripane tinimbang segoro butheg
TOPO ANGIN
-angin pelan (cilik ; ora banter lumakune)
-angin banter (gedhe ; banter lumakune)
Angin cilik ora biso dadi gedhe nanging angin gedhe biso dadi cilik
Angin gedhe iku kaaran maruto (badai ; yoiku udara sing katut ubengane bawono)
Angin cilik luwih adem tinimbang angin gedhe

*PENGETAN*
Wong topo iku meneng tanpo ngobahno rogo, yen sengojo ngobahno rogoe dibaleni maneh panyerotane
Parane topo iku ing kadigdayan (digdoyo)
dumunung ing wengku (ateges yo kuoso yo nguwasai yo biso ngemong)
mulane disebut wong sekti tanpo aji aji
digdoyo tanpo pusoko lan biso nggawe montro
Kabeh kabeh doyo kang sinerot iku tumuju ing ngurupno urip
yoiku ; nguwatno doyoning urip
Mulo sopo bae sing wus nguwasai hastobroto hiyo biso mengku angratoni jagad
amargo rogo iku duweni doyone bawono mulane hiyo biso sesambungan klawan isen isening bawono

SAMBUNGE HASTOBROTO
TOPO SURYO
Hiyo anyerot doyo panasing srengenge ing wayah isuk lan sore
ateges naliko sunari srengenge durung mencorong putih
awit srengenge isuk ; abang.. abang semu kuning.. kuning mencorong
srengenge sore ; kuning mencorong.. kuning semu abang…
TOPO LINTANG
Hiyo panyeroting doyone lintang
-lintang panjer rino (katone ing wayah padhange srengenge)
-lintang panjer surup (katone ing wayah surupe srengenge)
-lintang panjer wengi (mung katon ing wayah bengi)
-lintang blelek (lintang sing katon semu abang)
-lintang gubug penceng (lintang sing petane kyo gubung amung penceng)
-lintang ingkang kumelip (lintang sing kumelip ; jarake luwih adoh soko bawono)
kabeh lintang iku ngemu doyo getar (getaran) ; dudu adem dudu panas
TOPO MBULAN
Padhang ademe mbulan ing tanggal 12.13.14.15
ing wanci purnomo anyerot doyoning mbulan
TOPO ANGKOSO
Hiyo iku doyoning awang uwung hampa kang tanpo wates
doyoning petheng kang tanpo wekasan
meneng ing wayah bengi ing tengah latar katon langit
-bisane anyerot doyoning angkoso iku nalikane wus biso nyerot doyoning suryo condro kartiko.

PEPENGET
Yen manekung dumunung ing wisesoning rogo
topobroto ndunungi wengkuning ratu
Yen manekung iku makartino ciptoe
topobroto makartino karsoe
Bumi iku dudu lemah ; mung saben bumi ono lemahe
samono ugo gunung iku dudu bumi mulo doyone bedo bedo
Samudro iku dudu banyu ; mung saben samudro ono banyune
Angin iku dudu udara ; mung saknjerone angin ono udarae
Srengenge iku dudu geni ; mung saknjerone srengenge ono genie
Mulane manekung klawan topo iku bedo ing parane
amargo sangkane wus ora podho..
Yen manekung iku ngolah doyo saknjerone rogo
topobroto ngolah doyo saknjabane rogo
kekarone podo podo nglumpukno doyo..podo podo tumuju mundhaking doyo
podho podho klawan meneng patrape
Topo iku termasuk panunggalan ;
hiyo nunggal klawan isen isening bawono (nunggale nunggal pisah)
dene topo iku ora kawates ing wolung perkoro :
kyo ono topo uwit, topo udan…..isp

PANYEROTAN :
Gathuk-jumbuh-nunggal
(nyelaras-nyerot-maligi)

WEKASANING WEDARAN
Dadi lakune wong jowo iku ;
-ngrowot ngalong
-ngebleng patigeni -nginang mutih
-manekung topobroto
-semedi
Dene semedi iku :
meneng ing neng temenan (bener bener meneng ; mahening suci)
kaaran ; lerem
-menengno rogo
-ngeningno cipto
-ngenebno rahso
(gamblange wus ono ning wedaran : ingkang aran lerem)
Jangkep wutuh hiyo maligi ing santosa
Jejeg ajeg jumeneng wiseso maseso
Mengku tan kawengku
Linuwih mumpuni dadine
Sukmo kang wiseso
Badan kang mengku
Jiwo kang salin rupo
Dadi tetep ing santosa lan sampurnaning rogo
Tanpo dungo tanpo pusoko hiyo digdoyo
Klawan laku spirituale wong jowo.